Nagari
Korupsi
Nagari kang tumuju teluh tanpa
sinuluh,
Manungsa kang ora pakewuh
Sanadyan dudu tanpa kawruh
Sinerat ana ing kursi
kang dhuwur punggawane nagari
iki
Sakkabehe mula tinutur
Kang nyenyuwun marang dhiri
Pinilih dumadi ksatria
kang bisa nyembadani negara
Hamung tutur kang kalantur
Sakkabehing kuwi mung janji
kang dadi pepingin kang ora
tumindak,
kang dadi pemimpin klangenan
memidak
Babad kang cumepak
Ratu cilik kang kuwasa
Tumindak marang raja brana
Ingkang duwenipun negara
Tanpa beda alas segara
Kang hanguripi pun dibabati
Manah ati tanpa sumelang
Sedayanipun kedah gampang
Arta bawana pun dum
marang sedaya rencang
Tebihipun lumangkah Gusti
kang sageda maringi prakawis
Nagari arupa donya tanpa luh
Ati lan akal kang runtuh
Lumaku kang kapatuh
: korupsi kang nyawiji
Surakarta, Oktober 2012
Radio Wengi Iki
/I/
Aku isih ngenteni suara iku
Pawarta kang pengin dak waca
Ing lemah kang kajaba lemah
iki
/II/
Radio iki isih cerita
Babagan sejarah kang ora iso
obah
Mengeti kita catetan jaman
Catetan kang kliwat marang
pangeling
/III/
Tansah diputerake tembang
Kang mingetake aku marang
gitarmu
Dak jupuk harmonika ing kotak
Kang isih ana jenengmu
Alon-alon dak nyanyeake
tembangmu
Uga dak siapake kacu ing
tanganku
Surakarta,
Februari 2013
Langgam Subuh
Lintang kemukus tansah
binungkus
Suryo durung kecandhak dino
Dinungo manungsa marang Kuasa
Kembang kang ngebun-ebun
Jejaya raja brana
Kang lahir saking lemah
Subuh bakal salin kanthi
sececah
Tlatah uga siap nulisake
sejarah
Surakarta,
April 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar